A. WACAN NARASI (NYERITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang
mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang
maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan
kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning
prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate
mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan
lugu / apa anane. upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jjero
kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa Jaksa nyritakake kedadeyan
rajapati ing pengadilan.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang
pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk
dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake
sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh.
Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
2. Narasi Sugestif
Narasi
sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah
pangangen - angene waong kang maca. upamane : dongeng ( Aji saka ),
cerkak, Novel, Roman.
Tuladhane ;
Cerkak ( cerita cekak )
Pak Guru
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm
loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên
sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt
suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
"Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."
Tanpå
ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké ndhuwúr
tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan
manèh....ngalamún.
Parjó kèlingan ucapané Nardi rikålå nawani rókók.
Sêbutan síng diucapké kåncå-kåncå pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó,
lêngkapé bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru ånå SMP íng
désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. Síng sabêndina
nêrangké babagan pêmêrintahan marang muríd-muríd íng sêkolahé, nêrangké
babagan pêmêríntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan, pêmêríntahan síng
adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat, pêmêríntahan síng
dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora mandhang pangkat lan drajad
kabèh kênå ukúm síng pådhå, Nêgårå kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan
liyå liyané. Sêbutan Pak Guru rikålå nyambi ngojèk janjané rasané risi,
níng suwé-suwé sindhirané kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó
ngojèk kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.
"Pak guru ki
ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané síng ora duwé gawéan yó... mèlu
diarah, lawóng wís digaji gêdhé...préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté
ngojèk. Åpå ora isín nèk kêtêmu muríd-muríd nèng ndalan?" sindhirané
kåncå-kåncå pêngojèk karo guyónan.
"Ora orané..., rêzêki sing ngatúr Gústi Allah..., rêzêki ora mungkín klèru!" sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
"Wah nèk ngono kuwi kétók guruné..." suarané kåncå-kancané barêng karo pådhå ngguyu barêng.
Pisan
manèh Parjó kèlingan limang tahún kêpungkúr. Rikålå isíh
kuliah...rikålå isíh sinau. Sêkolah sinambi nggarap sawah sak pathók,
dadi burúh lan nyambút gawé sêrabutan sak kêcêkêlé. Kabèh dilakóni kanti
sênêng. Amargå duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp, mêngko nèk wís
nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal ånå owah-owahan, dadi wóng
síng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah amargå têkún anggoné
sinau akhiré Parjó lulús sarjana. Tahún pisanan nyoba mèlu ndhaftarké
dadi pêgawé nêgri. Awan, ésúk, soré lan bêngi tansah sinau kanggo
ngadhêpi mbók mênåwå ånå tèstíng pênêrimaan pêgawé.
Dinå kang
ditunggu-tunggu têka, dinå kanggo ujian masuk dadi PNS. Mangkat tèstíng
kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti iså nggarap kabèh.... Têrús
tèstíng diwiwiti. Kabèh soal iså dijawab kanti bênêr, kari nunggu
pêngumuman.... Ditåmpå, têrús dadi Calón Pégawai Nêgêri Sipil alias
CPNS. Tanpå kélangan dhuwit.... Aku êmóh nèk dadi pêgawai nganggo
dhuwit, êmóh yèn KKN.... Lha wóng dhuwít kók diwènèhké wóng sugíh. Pådhå
waé ngingóni wóng lémpóh.... Ngono pikiré Parjó.
Sak wisé têlúng
minggu dinå pêngumuman têkå, têrús mangkat niliki pêngumuman pênêrimaan
CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr síng ditåmpå, nangíng nomêré Parjó....
blóng.... ora ånå. Taún kapíng loro yå hasilé pådå waé.... Taún kapíng
têlu, papat, limå.... Sami mawón.... Mupús.
Rikålå ngancík taún
kapíng pitu idéalismêné mulai luntúr. Sajaké wís ngancík jaman sak iki
kabèh-kabèh kudu nganggo isiné sak alias dhuwit.
"Ééé.... Blaik
tênan, arêp dadi pêgawé kók angèlé ora jamak," Parjó grundêlan nèng
ngarêpé Drs Parimín kåncå kuliahé rikålå mampir nèng omahé.
"Kowé
gêlêm åpå piyé? Sasi ngarêp ånå pêndhaptaran manèh. Níng kåyå biasané.
Jaman saiki kudu nganggo (Parimín nggèsèkké jêmpól karo drijiné). Léwat
tanggaku síng kêrjå nèng kånå dijamín!" sêmauré Parimín karo ngangkat
jêmpól.
"Têrús pira?" Parjó nyaút kanti cêkak.
"Sak iki pasarané têkan séwidak!"
Blaik.... Trèmbèlané, lha kók kåyå wóng bakulan, kåyå blantík! Kuwi yå dhuwít kabèh?!" Parjo sêmaúr karo njêgègès.
"Mbúh Jó! Dikandhani kók malah cêngèngèsan," Parimín sajak anyêl.
"Têrús carané piyé? Jaminané piyé? Upåmå ora kêtåmpå piyé? Åpå dhuwité iså bali? Êngko gèk ngapusi?" pitakoné Parjó kåyå udan.
"Ora
mungkín, piyayiné nèk dibayar sak iki ora gêlêm kuwi jênêngé nyókól!
Lha wóng aku kaé mbayaré pênuh nèk wís kêtåmpå, nèk kowé gêlêm ayo
njalúk tulúng rånå! Iki dudu KKN lho, lha wóng njalúk tulúng. Umpåmå
nganggo dhuwít mbayaré kuwi nèk wis kêtampå... pinångkå ucapan têrima
kasih alias matúr nuwún!"
"Kuwi alias ya mbayar.... Ya KKN. Lha kélangan dhuwít!" Parjó nyaút gunémané Parimín.
"Ya! sak karêpmu síng ngarani!" Parimín rådå anyêl.
Êmbúh
piyé céritané ngêrti-ngêrti Parjó nyarujuki usulé Parimin. Parjó karo
Parimín sidå mêngadakan pêrjanjian tidak têrtulis kathi cathêtan ucapan
têrima kasih Rp 60 juta. Ångkå síng cukúp fantastik kanggoné Parjó.
Rikålå ånå pêndhaptaran Parjó ndaptarké manèh sawisé olèh Kartu
Pêndaftaran têrús dipotokopi, dititipaké marang tanggané Parimín.
Wis
têkan titi mangsané, pêmêríntah dhaérah nggatèkaké nasibé pårå guru
síng wís ngabdi suwé. Pênêrimaan PNS diutamakké síng pêngabdian lan
umuré wís akèh, kêrsané Gústi Allah, Parjó mêmênuhi syarat. Parjó
ditêtêpaké ditåmpå dadi CPNS. Nangíng ora ngêrti åpå mêrgå bantuan åpå
mêrgå liyané, amargå rikålå kabèh kåncå-kancané sak angkatan ditakóni
ora ånå síng nganggo dhuwít babar blas.
Parjó kêtampa kanthi råså
sêtêngah-sêtêngah, yå sênêng, yå susah. Sênêngé mêrgå síng
diidham-idhamaké pitúng tahún wís kêcêkêl. Nangíng síng ndadèkaké
susahé, sak iki kudu nggólèk dhuwít sêwidak yutå. Pêrjanjian wis kêbacút
ditèkên. Sawisé rêmbugan karo bojoné, diputusaké nyilíh dhuwít marang
tanggané síng dódól matêrial, kanthi jaminan sértipikat lêmah warisané.
Lan anakan sabên wulan têlúng pêrsèn. Ditambah adól mangsan sawah sak
pathók warisan såkå mårå tuané suwéné limang tahún.
Nêm tahún lawasé
Parjó wís rêsmi dadi Pégawai Nêgêri Sipil (PNS), nèk mangkat nganggo PSH
nècis. Nangíng nganti saiki, nganti anaké wis loro durúng ngrasakké
blanjané, amarga SK pêgawéné dititipaké ånå bank. Jangkané sêpulúh tahún
kanggo nutúp utangan rikålå mlêbu dadi pêgawé lan krédhit pit móntóré.
"Dhúh
Gústi tibaké dadi pêgawé nganggo cårå ngéné iki malah susah, pénak gèk
dadi tani biyèn kaé, éntúk sithík dipangan sithík ora dioyak-oyak
utang." Parjó ngunjal ambêgan. Atiné tambah gêtêm-gêtêm rikålå ånå wartå
ing surat kabar, sing nêrangaké manåwå ånå oknum PNS nåmpå sógókan
ditangkêp polisi amargå apús-apús. Barêng ditêlusur tibaké óknum mau
síng nåmpå dhuwit sêwidak yutå såkå dhèwèké.
"Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulíh.... Ngalamún waé!" Sartónó pagawé pabrík tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.
"Éh.... iyå... iyå..., lho kók yah méné wís mulíh, Sar?" Parjó gêragapan karo nggolèki srandhalé.
"Anu
Pak guru.... Mau ora dha mlêbu nyang pabrík. Níng dha nyang kabupatèn.
Dhémo nuntút kênaikan gaji," suarané Sartónó katón sêmangat têrús
mlumpat nyang sadhêl.
"Mêngko nèk síng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani åpå?"
"Êhmmm...." Sartónó ora biså njawab.
::Déning: P Dasihanto FD::
Sumber : Jagad Jawa - Solopos
Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif :
Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif
1. Njembarake wawasan utawa pangerten.
2. Mbeberake katrangan bab prastawa.
3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
4. Basa Informatif, tembung denotatif. 1. Mbeberake makna kang sinandi.
2. Nguripake pangangen - angen (imajinasi)
3. Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
4. Basa figuratif, tembunge konotatif.